🇷 🇪 🇳 🇹 🇪 🇰 🇮 🇳 🇬 🇰 🇦 🇹 🇷 🇪 🇸 🇳 🇦 🇳 

🇷 🇪 🇳 🇹 🇪 🇰 🇮 🇳 🇬 🇰 🇦 🇹 🇷 🇪 🇸 🇳 🇦 🇳 


*Mangga sami Nguri-uri basa Jawa*yg mau atau sedang belajar bahasa jawa, silahkan ikut baca..,😀 


“Cerkakbung” .(Cerita cekak bersambung)




 ❤  *RENTEKING KATRESNAN*



*JILID 1*


Sore sore Zaenal lungguh sumendhe ono teras, sikile diselonjorne nang nduwur mejo, tangane nekuk layang soko bapake kang wis bubar diwoco, kenopo bpk ora tlp wae, kenopo kudu nganggo layang.opo mungkin yen lewat tlp wis dibethek bapake yen wangsulane Zaenal yo tetep podho " durung mikir bojo," utowo bapake kuwatir nyidroni dhewekne.


Zaenal dhewe lagi sadar menowo umure wis ngacik 32 Th, wis dadi dokter spesialis anak.


Layange soko bapake mau ngabarke menowo Azam adike sing ragil lanang sasi ngarep, arep lamaran. 

Ewodene Zainab adike sing wadon sing 2 th kepungkur rabi kan saiki wis diparingi momongan anak lanang.


"Saiki bapak takon nang kowe Nal, opo kowe nganti seprene durung nduwe pencokan calon bojo?" "Kowe anak mbarep wis arep dilangkahi adimu maneh.?"


   Zaenal dhewe yo ora mudheng, njur arep mangsuli opo, karepe atine ki kepriye, pikirane dadi nglambrang, sak suwene 5 th dines ono RS Jakarta amung nduwe karep usaha ketemu Titik wong sing pancen ditresnani.

Masio dheweke wis ngerti menowo Titik wis nikah karo wong liyo, ananging kabeh mau jalaran soko salahe Zaenal dhewe, mbiyen ora iso tegas menehi rembuk sing bisa dijagakne Titik .

Kamongko sesambungan katresnane wong loro mau wektu kuwi wis ono 5 Th, kenalan ono kampus, Zaenal njupuk Kedokteran, yen Titik njupuk nang Farmasi.

Bareng wis podho lulus, Titik bali ono Salatiga, Zaenal dhewe tugas Praktek ono RS Semarang, merga bapake salah sijine dokter umum ono kono.

Zaenal njur kangen moco layange Titik sing 7 Th kepungkur isih disimpen.dhewekne langsung njenggirat ngadek arep njupuk layang mau kepingin moco maneh.


   Surasane layang mangkene, "mas Zaen, aku ono Salatiga kene jenengan wis perso manowo urip karo adiku Datik sak anak bojone, ananging akhir wulan iki arep boyongan ono Makasar mergo bojone Datik pindah tugas ono kono, aku dhewe durung oleh gawean sing netep, masio wis ketompo dadi ass dosen ananging isih tenaga lepas."

" mas Zaen, aku amung takok menyang jenengan, kelanjutane sesambungane awakke dhewe iki kepiye ? arep digowo nang ngendi ? awake dhewe wis dudu bocah maneh, aku amung nyuwun ketegasan jenengan iso ora tak antepi lan tak jagakne dadi sisianku? mergo iso tak nggo cekelan langkahku kanggo mbesuke, mergo yen to Datik wis pindah, banjur aku kudu urip ijen ono ngomah peninggalan alm bapak ibuku iki, terus terang aku ora jenak mas, yen ora nduwe pengarep sing iso tak gondheli kamongko amung jenengan sing tak arep arep. Mas Totok kamasku mbarep wis netep ono Tangerang."

  "mula mas yen to jenengan iso tak antepi aku tetep nunggu, mergo saiki garek gumantung jawaban jenengan. supoyo aku iso nglangkah sing ono pengarep pasti.tak kiro wis cukup pitakonku dhuwur mau.tak enteni wangsulanmu mas."

        Wong sing tuhu tresno

       ........Titik......


ono sambungane...

Report Page